Senin, 20 Agustus 2012

Ngaturaken Sugeng Riyadi 1433 H / Mengucapkan Selamat Idul Fitri 1433 H


Assalamu'alaikum Wr.Wb.

KATUR PARA KADANG LAN PARA SUTRESNA INGKANG KINURMATAN

Rasaning tyas arsa sowan
Nguntapaken lejaring kapang kang tansah tumiyung lan ngrembuyung luber ing bantala
Ananging kasrimpet cupeting wanci
Ugi kacandet rubeting adi cara.
Pramila nyuwun agenging samodra pangaksami
Karana namung geguritan ingkang saget kaserat
Mugi saget ngicalaken raos kapang ing lampah pasederekan

Mugi Gusti Allah Ingkang Murbeng Dumados
Tansah memayu tindak lan laku kita sadaya
Tumuju ing margi ingkang leres, margi ingkang samestinipun
Margi Panjenenganipun ingkang sampun manjing ing wahyu
Lumantar Nabi Muhammad SAW

Ngancik purnaning Ramadhan punika
Sesarengan mijiling rina ingkang kebak ing suci
Wulan kemenangan unggul ing jurit ngadepi angkara
Dalem nyuwun agunging samodra pangaksami
Mugi berkahing Widhi kang Murbeng Dumados
Rumentah ndika sadarum
Raharja lan mulya ingkang pinanggih

Sinekar ing Sinom parijatha lan ugi Dandanggula
Mboten kantun sekaring Ilir-ilir saking Sunan Kalijaga

Dalem RATMAYA URIP sakeluwarga

"Ngaturaken Sugeng Riyadi 1433 H"
Nyuwun agenging samodra pangaksami


Taqabbalallahu minna wa minkum, Shiyamana wa Shiyamakum . 
Ja’alanallaahu Minal Aidin wal Faidzin. As-alukal afwan zahiran wa bathinan. 
Kullu aam wa antum bikhair.

================  ===
(Terjemahan Bebas Bahasa Indonesia):

TERUNTUK SAUDARA DAN SAHABATKU

Maksud hati ingin memadu atau baku-temu
Melepas rindu yang telah pekat menghuni kalbu
Tapi tersandung sempitnya waktu
Dan terhadang lebatnya gerak laku
Maka mohon maaf yang tak terkira besarnya
Karena hanya sederet kata yang dapat tiba
Semoga dapat menyandera rindunya hati dan rasa tuk tetap bersaudara

Semoga Allah SWT penguasa semesta
Selalu melindungi  langkah dan laku kita semua
Menuju sebenar-benar dan lurusnya jalan
JalanNYA yang tersurat dan tersirat dalam wahyu
Melalui Nabi Muhammad SAW

Tibanya akhir Ramadhan ini
Menjelang terbitnya hari yang kebak suci
Hari kemenangan menghadapi cobaan dan godaan yang tak terperi
Kami mohon maaf lahir dan batin penuh hakiki
Semoga barokah Allah SWT penguasa langit dan bumi
Selalu bersamamu sampai esok di jauh hari
Juga kesejahteraan dan kemuliaan yang selalu menyertaimu tak pernah mati

Teriring kidung Sinom Parijatha dan Dandanggula
Juga tembang Ilir-ilir dari Sunan Kalijaga
Kami, Ratmaya Urip dan Keluarga:

Mengucapkan Selamat Idul Fitri 1433  H
Mohon maaf yang sebesar-besarnya lahir dan batin


Taqabbalallahu minna wa minkum, Shiyamana wa Shiyamakum . 
Ja’alanallaahu Minal Aidin wal Faidzin. As-alukal afwan zahiran wa bathinan. 
Kullu aam wa antum bikhair.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
============= ========
Sidoarjo, 1 Syawal 1433 H / Minggu, 19 Agustus 2012
Ratmaya Urip

Tidak ada komentar:

Posting Komentar